Rabu, 25 September 2013

ANOMAN




Anjani kuwi puteri mbarepé Resi Gotama sing kena kutukan dadi duwe rai kethek. Karo perintah romoné, dheweke banjur tapa nang telaga Madirda. banjur, Batara Guru lan Batara Narada mabur liwat awan. Pas ndelok Anjani, Batara Guru tresna nganti ngetokke air mani. Raja para dewa pewayangan iku banjur ngusap kui nganggo godhong asem (Basa Jawa: Sinom) banjur diguwang nang tlaga. Godhong sinom iku tiba nang pangkuane Anjani. Dheweke njupuk lan mangan godhong iku banjur ora sengaja meteng. Banjur wektu nglairke teka, Anjani dibantu para bidadari kirimane Batara Guru. Banjur anjani nglairake bayi kethek sing duwe wulu putih, banjur rupane anjani sakwise nglairake bali, dadi duwe rai ayu lan digawa ana kayangan dadi bidadari. Gelising carios, Anoman saget kapikut dening Raden Indrajid inggih Meganandha, putranipun Prabu Dasamuka, lajeng dipun sowanaken wonten ngarsanipun Prabu Dasamuka. Anoman lajeng kapidhana pejah kanthi dipun obong wonten ing alun-alun Ngalengka. Nalika dipun besem, eloking kawontenan, Anoman mboten saget tumama (kobong), malah grama ingkang kinarya mbesem Anoman menika dipun awut-awut saengga Kraton Ngalengka kobong. Kathah prajurit ingkang sami tiwas saking pangamukipun Anoman. Sareng negari Ngalengka sampun kobong, Anoman tumuli nglajengaken lampah saperlu wangsul sowan wonten ngarsanipun Prabu Ramawijaya ing Pancawati. Lampahan Anoman Duta utawi Anoman Obong menika nyariosaken lelampahanipun Raden Anoman inggih Senggana ingkang dipun utus ratu gustinipun Prabu Ramawijaya, nata ing negari Pancawati, supados nakyinaken kawontenanipun Rekyan Wara Sinta (garwanipun Prabu Rama) ingkang dipun dustha (diculik) déning Prabu Dasamuka inggih Rahwana, nata ing negari Ngalengkadiraja, saperlu badhe dipun rasuk/digarwa. Ing tepis wiringing samudra ingkang misahaken antawisipun Nagari Ngalengka kaliyan Pancawati, Anoman manggihi satunggaling tiyang ingkang kapidhara (semaput) mboten imut purwa duksina. sareng dipun usadani, pranyata tiyang menika mboten sanes kejawi raden Wibisana (rayinipun Prabu Dasamuka) ingkang dipun kepruk "paidhon /kecohan" (bokor) amargi sampun wantun caos atur pamrayogi supados Rekyan Wara Sinta dipun kondhuraken dumateng Prabu Rama. Salajengipun Raden Wibisana lajeng dipun kanthi Raden senggana sowan wonten ing Pancawati. Ing negari Pancawati, Wibisana lajeng dipun aken minangka kadhang anemipun Prabu Ramawijaya lan dipun paringi jejibahan minangka dados "penasehat" raja. Inggih amargi saking pamrayoginipun Wibisana menika, tundhanipunpara wadyabala tuwin seniapti-senopati Ngalengka saget dipun wuningani anggeranipun (rahasia hidup matinya) saengga saget dipun sirnakaken, ugi kalebet Prabu Dasamuka. Tugas hanoman Ana ing pertempuran akhir, Rama kewalahan nglawan Rahwana sing duwe Aji Pancasunya, yaiku kemampuan kanggo urip salawase. Pendak rama nyoba mateni rahwana, Rahwana mesti urip meneh. Wibisana, adik Rahwana sing mihak Rama banjur njaluk tulung marang Hanoman kanggo membantu. Hanoman banjur ngangkat Gunung Ungrungan kanggo ditindihake ana duwure mayite Rahwana , banjur sakwise Rahwana agi wae mati tekna Rama . nanging, Rama ngukum hanoman supaya njaga kuburan Rahwana. Rama percaya nek Rahwana isih urip nang ngisore gunung kasebut, lan isa kapan wae nguculke roh kanggo gawe kaco nang dunia. Sakwise rama mati, rohe Rahwana ucul seka Gunung Ungrungan banjur lunga ana Jawa kanggo nggoleki reinkarnasine Sita utawa sinta, yaiku Subadra adik Kresna. Kresna dewe reinkarnasi Rama. Hanoman ngoyak lan ketemu Bima, adike sapada putera angkat Bayu. Hanoman ngabdi marang Kresna. Anoman uga bisa nyekel roh Rahwana lan ngurung ana nang Gunung Kendalisada. nang gunung iku Hanoman dadi pertapa. Hanoman ana ning pewayangan duwe anak 2. sing sepisan jenenge Trigangga sing duwe wujud kethek putih persis anoman. Konon, wektu bali saka mbakar Alengka, Hanoman duwe bayangan rupane Trijata, puteri Wibisana sing njaga Sita. nang duwure laut, air mani Hanoman tiba lan nggawe banyu laut umup. Tanpa ngerti apa apa, Baruna nggawe buih kasebut dadi Trigangga. Trigangga banjur gedhe lan ketemu karo Bukbis, putera Rahwana. Banjur wong loro kui mau kekancan lan mihak ana Alengka nglawan Rama. ana perang kasebut Trigangga banjur nyulik Rama lan Laksmana nanging dioyak karo Hanoman. Narada medun misah lan njelaske hubungan getih ana ning loro kethek putih kasebut. Akhire, Trigangga pun banjur bali ngelawan Rahwana. Putera keloro Hanoman jenenge Purwaganti, sing anyar ana ing zaman Pandawa. Duwe jasa nemokake pusaka Yudistira sing ilang, jenenge Kalimasada. Purwaganti iki lahir seka puteri pendeta sing dinikahi Hanoman, yaiku Purwati Hanoman duwe umur dawa nganti bosen meneh urip. Narada banjur midun ngabulke panjaluke hanoman, yaiku "pengen mati", syarate nek bisa ngrampungke tugas akhir, yaiku ngrukunke keturunan keenem Arjuna sing lagi perang sedulur. Hanoman banjur nyamar nganggo jeneng Resi Mayangkara lan bisa nikahke Astradarma, putera Sariwahana, karo Pramesti, puteri Jayabaya. Banjur keluarga Sariwahana karo Jayabaya nanging ana perang padahal sapada keturunane Arjuna. Hanoman banjur ngatasi mungsuh Jayabaya sing jenenge Yaksadewa, raja Selahuma. Nang perang kui, Hanoman gugur, moksabersama raganya, nanging Yaksadewa bali ning wujud asline, yaiku Batara Kala, “sang dewa kematian”. Ana versi liya khususe nang jawa yaiku hanoman ora mati ana ing perang,nanging moksa sakwise ketemu sunan kali jaga lan nakokake arti sing ana saka jimat kalimasada tekna biyen hanoman janji ora bakal gelem mati sakdurunge ngerti arti saka tulisan sing ana nang jimat kalimasada.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar